Tembang dolanan Ancak-ancak Alis ini sangat asik dimainkan.
Melalui permainan tradisional ini, anak-anak dapat belajar kosakata bahasa Jawa sekaligus pelafalannya.
Selain itu, tembang ini juga mengenalkan potensi kearifan lokal seperti tandur, panen, dan juga kuliner khas Jogja.
Lirik Tembang Dolanan Anak Ancak - ancak Alis (Taman Kesenian Majelis Ibu Pawiyatan Taman Siswa Yogyakarta)
Cak - ancak alis Si alis kebo janggitan
Anak-anak kebo dhungkul
Si dhungkul kapan gawene
Tiga rendheng
Ceng - enceng koko beluk
Unine sak renteng cepluk
Ula apa ula dumung
Gedhene sak lumbung badhung
Sawah ira lagi apa wong ndesa?
Sawah ira lagi apa wong ndesa?
Lagi tandur!
Cak - ancak alis
Si alis kebo janggitan
Anak-anak kebo dhungkul
Si dhungkul kapan gawene
Tiga rendheng
Ceng - enceng koko beluk
Unine sak renteng cepluk
Ula apa ula dumung
Gedhene sak lumbung badhung
Sawah ira lagi apa wong ndesa?
Sawah ira lagi apa wong ndesa?
Lagi panen!
Nek Panen, aku njaluk sajene
Ya, tak nyang pasar ndhisik
Nyang pasar, pasar Sentul
Leh-olehe gethuk thiwul
Nyang pasar, pasar Beringharjo
Leh-olehe tape tela
Kidang lanang mlompato
Kidang wedok mprakasa
Digodhog - digodhog
Matenga - matenga
Tambahan adegan dari Sanggar Seni RNB: (njoget tandur)
Ayo nandur, nandur pari
Nandur pari, parine gedhi
Mlakune mundur, seneng ati
Seneng ati, dadi bu tani
Hoooppp… tandure wis rampung,
Ayooo tandang gawe liyane yo!!
Ayoooo…. !!!
Ayo boyong Dewi Sri
Salam Budaya, Lestari Budayaku!
SSRNB 2021
Komentar
Posting Komentar